Qiyas iku tegesé nggabungaké utawa madhakaké kanggo ngukuhaké hukum sawiji prakara anyar kang durung ana ing mangsa sadurungé nangingnduwèni pepadhan ing sabab, manfaat, bebaya lan aspèk-aspèk liyané karo prakara sadurungé saéngga dihukumi padha.
Sajeroning Islam, Ijma lan Qiyas sipaté dharurat, yèn pancèn ana bab-bab kang nyata durung dikukuhaké ing mangsa-mangsa sadurungé.