Slank
| Slank | ||
|---|---|---|
Slank | ||
| Latar wuri | ||
| Jeneng lair | Slank | |
| Lair | 1983 | |
| Jinis Musik | Rock, Blues | |
| Pakaryan | Band | |
| Instrumen | Gitar, Drum, Bass | |
| Taun aktif | 1983-sapunika | |
| Parusahan rekaman | Slank Records | |
| Mrabawani marang | BIP | |
| Situs resmi | http://www.slank.com | |
| Anggota | ||
| Bimbim Kaka Ridho Ivanka Abdee Nagara | ||
| Mantan Anggota | ||
| Bongky Parlin Burman/Pay Indra Qadarsih Reynold | ||
Slank inggih punika satunggalipun grup musik ing Indonésia. Dipunwujudaken déning Bimbim nalika 26 Dhésèmber 1983 amargi bosen main musik namung dados cover band lan gadhah tekad badhé damel lagu piyambak.[1] Tekadipun punika saged kasil lan dados salah satunggalipun musisi ingkang gadhah sajarah lan dipunkenang sarta gadhah prabawa sepanjang masa ing Indonésia.[1] Sanèsipun punika Slank ugi nyepeng predikat Indonésia's Highest-Paid Music Star (bintang musik kanthi bayaran paling ageng) ing taun 2008 lan 2009 kanthi honor Rp 500 juta saben pentas.[1]
Karier
Cikal bakal lairipun Slank punika satunggalipun grup ingkang namanipun Cikini Stones Complex (CSC), ingkang dipundamel déning Bimo Setiawan Sidharta (Bimbim) nalika taun 1980-an.[2] Band punika namung mainaken lagu-lagu Rolling Stones lan boten purun mainaken lagu saking band sanèsipun, alhasil dados jenuh lan nalika meh taun 1983 grup punika dipunbibaraken.[2] Bimbim nglajengaken semangat main musik kaliyan kalih sadherekipun Denny lan Erwan kanthi damel grup Red Evil. Ing tanggal 26 Dhésèmber 1983, nama Red Evil dipun-gantos dados Slank.[3][4] Satunggalipun nama ingkang dipunpendhet saking timbalan cemoohan tiyang ingkang asring nyebat Bimbim lan kanca-kancanipun minangka cowok selengean.[2]
Saking wekdal punika karier Slank dipunwiwiti. Ing wekdal karier musikipun, Slank sampun ngalami manéka warni gantos manajer, lan sampun ngantos ping 15 gantos formasi, ngantos gantos vokalis èstri.[4] Kanthi personel tambahan Bongky (gitar) lan Kiki (gitar). Dalemipun Bimbim ing jalan Potlot 14 dados markas ageng lan dados situs wajib ingkang kedah dipundugeni déning Slanker.[2] Slank naté pentas ing kathah pentas kanthi lagu-lagu piyambak sadèrèngipun Erwan mutusaken mundhur amargi boten gadhah harapan ing Slank.[2] Kanthi perjuangan ingkang ageng saged kawujud formasi kaping 13, Bimbim, Kaka, Bongky, Pay, lan Indra, Slank nembé saged sengkut lan solid.[2]
Slankers
Slankers punika sesebatan kanggé para pandemen band Slank, mliginipun saking pandemen musik golonga pamudha.[5] Nami punika dipunripta déning personel Slank, Kaka.[5] Kawitanipun ngengge tembung Slanker, nanging salajengipun langkung misuwur kanthi nama Slankers.[5]
Cathetan suku
- ↑ a b c [1] dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f [2] dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
- ↑ [3] dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
- ↑ a b [4] Archived 2013-01-08 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 5 Januari 2013)
- ↑ a b c Slank Fans Club Archived 2012-12-19 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 5 Januari 2013)
Pranala njawi